Contoh Dialog Musyawarah Dalam Bahasa Jawa

REBOISASI

            Sawijining dina ing RT 4 / RW V Kampung Tegalsari nganakake rapat RT sing mbahas bab penghijauan utawa reboasasi.

Ketua RT     :   Assalamu’alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh.

Warga          :   Wa’alaikum salam.

Ketua RT     :   Matur nuwun kula aturaken dhumateng para bapak warga RT 4 ingkang sampung kersa angrawuhi musyawarah rutin bulanan punika. Wonten ing wekdal punika, kula badhe medharaken bab ingkang saged dipun wastani wigati. Sakjane ngono ya antaraning penting ora penting. Jlentrehipun kados makaten. Sapunika lak mangsa rendheng kamangka kahanan RT 4 punika ing pinggir radosan taksih kosong dereng wonten tanemanipun. Kados pundit menawi dipun anakaken penghijauan ?

Pak Agus    :     Wah….sajakipun kok sae punika, kula inggih setuju kemawon. Sanesipun kados pundit ?

Pak Marno  :    Babagan ingkang sae kados makaten menawi kula nggih monat-manut mawon.

Pak Joko     :    Monat-manut nggih pareng, Pak. Ning niku lho, dananipun kados pundit ?

Pak RT        :    Lja….punika ingkang kedah dipun rembug sesarengan. Mangga kula aturaken panjenengan ingkang ngrembug. O …..inggih, Pak Marno rak bendhahara, ta. Kados pundit, Pak ? kahanan kas RT ?

Pak Marno  :    Mekaten Bapak-bapak, kas RT kita taksih wetah, tegesipun dereng dipun angge kegiyatan ingkang mbetahake arta kathah. Wingi halal bihalal rak sederma kempalan sarasan. Gunggunge  arta wonten Rp. 500-an ewu. Sumangga panjenengan kemawon.

Ketua RT    :    Wah ….kaleresan menawi makaten. Kados pundit Bapk-bapak bab penghijauan punika ?

Warga         :    Setujuuuuuu…………………! Hu…..hu…….hu……..

Pak Jarot    :     Nyuwun sewu, Pak RT, lajeng jinisipun taneman punika punapa ? Jinis rak nggih netepake rega barang ?

Pak Joko    :     Kados pundit menawi glodog utawi cemara kemawon. Sae lho taneman punika.

Warga        :     Wah………cocok……………cocok !

Pak RT       :     Nggih sampun. Menawi makaten mangga minggu ngajeng kita gotong royong nanem pelem. Matur nuwun sanget dene panjenengan sampun ngarujuki bab punika. Kula cekapi semanten……………………..

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh.

Sumber : http://ngleluribasajawa.wordpress.com/2011/05/21/modul-basa-jawa-kelas-xi-semester-2-2/

2 Comments

Peraturan komentar diblog yang dikelola oleh saya :

1. Dilarang spam (jangan suka nyampah)
2. Dilarang promosi (jika mau promosi segala macam bayar)
3. Dilarang menghina atau sejenisnya (kalo mau ngehina liat diri anda!!!)

Tidak suka dengan peraturan, silahkan close tabnya!!!


Brand creation, trend analysis & style consulting

Lorem Ipsum has been the industry's standard dummy text ever since. Lorem Ipsum is simply dummy text of the printing and typesetting industry. Lorem Ipsum has been the industry's standard dummy text ever since.